Resensi Buku Panjebar Semangat 22 Agustus 2015 (Tresna marga Sembrana)


  • Identitas
Judul : Panjebar Semangat 22 Agustus 2015
             ( Tresna marga Sembrana )

  • Ringkasan
     Yen dagatekne tenan wiwit saka rambut  sirah mengisor terus nganti tekan sikil, bocah wadon iku pancen blas ora ana kurange. Umure kira-kira 18 taun nanging wis ora sekolah. Ana ngomah mbiyantu wong tuwane ngurusi rumah tangga. Nalika semana aku lagi magang nyambut gawe ana rumah sakit sala, lan mondhok ing daleme pak Mantri. Bocah ayu iku jenenge Sri Sundari. Yen sore-sore mulih saka kantor tekan ngomah ora ndang ketemu Sri rasane ati kok kaya ana sing kurang. Sing cetha jroning ati aku tansah ngarep-arep muga-muga Sri ya ana rasa nyang aku.
     Gandeng ora kuwat ngampet penasaran, ing dina setu malam minggu. Sri dakngajak malam mingonan menyang Sri wedari sing wektu semana kebeneran lagi ana pasar minggu. Ternyata Sri uga duweni tresna nyang aku. Sawise adewe mulih supaya ora kebengen. Tekan ngomah wis ditunggu pak Mantri ana teras. Ya syukur alhamdullilah amarga olehe sembrana iku aku lan Sri dadi bisa tinresnan. Oleh idi pangestune pak Mantri sekalihan apa dene wong tuwaku sekalihan. Aku lan Sri mangon ing omah sedherhana ana salaliga. Tumendak aku lan Sri diparingi anak loro lanang wadon.
  • Amanat/pepeling : Bab jodoh mono wujudake misteri lan panguwasaning Gusti Allah kang Murbeng Rat. Dadi mboten enten wong sing weru nganti jodohne sapa. Amarga jodoh,rezeki,lan maut Gusti Allah kabeh seng weru.  







Komentar

Postingan populer dari blog ini

Resensi Novel Jemini

Resensi Novel Tresno Toh Pati