Resensi Novel Jemini
- Identitas
Judul : Jemini
pengarang : Supdhuwit Brata
Penerbit : Narasi (Anggota IKAPI)
Tahun terbit : 2012
Tebal : 196 halaman
- Ringkasan
Jemini minangka anake serdadu kumpeni sing urip ing Surabaya. Wektu iku Jemini isih bocah dadi senenge playon lan dolanan.
Nalika wis rada dewasa, Jemini dinikahake karo salah sijine prajurit sing jenenge Urip. Slametane meriah ditanggapake wayang lan ledhekan. Jemini banjur diboyong Urip menyang tangsi Sambongan. Wengi kapisan, Jemini ora gelem turu dadi siji karo Urip. Ananging bola-bali nyudhul kasure Urip ing dhuwure. Bareng esuke nalika Urip keturon, Jemini metu ngomah, balik ing omahe bapak-biyunge ora gelem balik karo Urip maneh.
Ora watara suwe Jemini ditembung dening den Radian arep didadekake muncine. Kaya sing dhisik, Jemini mung bisa saguh. Jemini banjur diboyong menyang Betawi. Ing kana Jemini disiya-siya karo tuwane. Yen diwenehi dhuwit blanja uga mung sethithik. Jare meh dinikah jebul nganti sawetara suwe ora dinikah. Jemini banjur minggat menyang Padalarang.
Ing Padalarang, Jemini menyang omahe Kartakusumah, sedulure Wa Thalib, tanggane nalika ana ing Surabaya biyen. Ora let suwe Jemini dipethuk karo bapak ibune. Jemini banjur diboyong bali ing Surabaya.
Ing Surabaya, Jemini wis katon dewasa, gelem ewang-ewang makne ngurus omah lan kantin. Iki sing dadekake Jemini ditembung dadi muncine Landa Dawa utawa Oom Piet. Karo Oom Piet, uripe Jemini kepenak, rukun, ora tau disiya-siya, kerep dijak guneman bareng. Dhuwit kanggo kebutuhan dipasrahake kabeh karo Jemini. Suwe urip bebarengan, Oom Piet kapengin nikah karo Jemini.
Oom Piet jaluk izin karo pendheta lan pimpinane, ananging ora entuk nikah karo anake serdadu sing tingkatane kaya bapake Jemini. Dheweke banjur ngirim surat kanggo wong tuwane ing Landa babagan izin nikah karo Jemini. Wong tuwane sarujuk. Surat mau diwenehake marang pendhetane, wiwitane tetep ora entuk. Ananging suwe-suwe entuk. Jemini sida nikah karo Oom Piet. Bubar kuwi Oom Piet lan Jemini pindah ing Batujajar. Ing Batujajar, Jemini urip cedhak karo Wa Thalib. Jemini banjur duwe anak siji dijenengi Linda. Umure Linda setengah sasi nalika kontrake kerja bapake enthek lan kudu balik menyang negarane. Jemini dijak ora gelem. Nalika ditinggal, Jemini mesthi dikirimi layang lan dhuwit blanja karo bojone. Watara wolung sasi sabanjure Jemini ditinggal, bojone bali menyang Jawa maneh kanggo Jemini lan Linda kanggo selawase.
- Pepeling
Gambling Apps in Las Vegas - JTM Hub
BalasHapusGambling is 동두천 출장마사지 not illegal in Nevada. You can play and play all your favorite Las 사천 출장샵 Vegas casino games 진주 출장안마 and win real 강릉 출장안마 money. 충주 출장마사지 Gambling is the practice for most